Monetize your website traffic with yX Media
Monetize your website traffic with yX Media

KHUTBAH JUM'AT BULAN ROJAB PERINTAH SHOLAT

yX Media - Monetize your website traffic with us
SHOLAT MINONGKO JAJANIPUN RASULULLAH NALIKO NGLAMPAHI RIHLAH (PERJALANAN) ISRO’ MI’ROJ

Di langit pertama (langit dunia), Rasulullah bertemu denganNabi Adam AS, bapak dari seluruh manusia sedunia.salah satu nabi yang pernah dikeluarkan dari surga. kejadian yang sama terhadap kanjeng Nabi Muhammad yang dalam perjuangannya beliau akan diusir oleh kaumnya sendiri dari bumi kelahirannya yakni makkah al-Mukarromah di tahun 1 H.


Kemudian di langir kedua, Nabi Muhammad bertemu denganNabi Isa AS, Nabi. Salah satu nabi yang di beri Mukjizat mampu menghidupkan orang yang sudah mati dan mampu mengobati segala macam penyakit. Dan di langit kedua ini pula Beliau bertemu dengan Nabi Yahya as, Salah satu nabi yang memiliki ilmu hikmah yang banyak sejak usia tiga tahun. Nabi yang pernah dimusuhi oleh kaum Yahudi seperti halnya Nabi Muhammad yang dimusihi dan ingin dibunuh oleh kaum Kafir Makkah di tahun 2 H.

Kemudian di langit ketiga, Rasulullah bertemu dengan nabi Yusuf as, dengan wajah yang sangat tampan. Salah satu nabi yang pernah di gosipkan meninggal oleh perlakuan saudara-saudaranya sendiri hanya gara-gara iridan dengki sehingga menyebabkan kesedihan yang mendalam bagi ayahnya yakni nabi ya'kub as. Ini merupakan isyarat untuk nabi MUhammad bahea keelak di Tahun 3 H Nabi Muhammad akan menjalani Perang Uhud yang mana nabi Muhammad digosipkan meninggal dalam peperangan tersebut sehingga membuat kaujm muslimin berduka.

Di langit keempat Nabi Muhammad bertemu dengan  Nabi Idris as, salah satu nabi yang pertama kali membuat baju / pakaian dengan cara di jahit, pertama kalinya manusia yang menulis surat kepada raja-raja untuk meng-Esa-kan Allah SWT. Ini adalah isyarat bahwa kelak nabi Muhammad juga akan melakukan hal yang serupa, yakni di tahun 4 H beliau menulis serat kepada raja-raja diseluruh dunia untuk memeluk agama islam.

Di langit kelima, Nabi Muhamad bertemu dengan Nabi Harun AS Adik nabi Musa as, salah seorang nabi yang dibenci oleh kaum Yahudi Bani Isra’il, Kerena sifat welas asihnya itu kemudian beliau menjadi orang yang amat dicintai oleh kaumnya di kalangan Bani Isra’il. Ini merupakan isyarat bahwa Kanjeng Nabi MUhammadﷺ   di Tahun 5 H, akan dicintai oleh orang-orang yang pernah memusuhinya yakni kaum  Quraisy setelah mereka tahu tentang sifat welas asihnya kanjeng Nabi .  
 
Lajeng ing langit nomor enem Rasulullah kepanggih Nabi Musa AS, engkang nate dingendikani Allah lan munajat langsung dateng Allah Meniko. Nabi engkang perang ngedekaken syare’at wonten ing baitul muqoddas, lajeng dimusuhi kanthi sengit dening kaumipun, nanging saget menang mangsulaken Bani Isra’il dateng negerinipun. Meniko nedahaken bilih wonten tahun 6 H, Nabi engkang nate diusir sakeng makah ugi bade kundur saget mbikak Mekah meniko maleh. Wonten ing langit nomor pitu, Nabi kepanggih Nabi Ibrahim AS, Nabi engkang ngedekaken ka’bah. Meniko isyaroh bilih Nabi Muhammad bade saget wansul dateng kota Makah lan njejegaken syi’ar-syi’ar agaminipun Nabi Ibrahim AS.
Kados ngaten meniko seolah-olah Nabi sampun dipun paringi mangertos dateng kedadosan-kedadosan engkang bade diraosaken sak lebetipun dakwah dateng kaumipun, sehingga Nabi saget langkung mantep anggenipun dakwah. Mboten gampil nyerah utawi putus asa, keranten akhiripun sak mangke bade manggih kesuksesan. Menikolah engkang kedah kito teladani, bilih kito mboten kengeng putus asa neliko nampi coba’anipun Allah SWT. Keranten setiap cobaan meniko hakikatipun bade minggahaken derajat kito sedoyo menawi kita lampahaken kanthi sabar lan tawakal (Usaha).

Lajeng Rasulullah dipun mi’rojaken dening Allah minggah malih dumugi Sidrotil Muntaha, lajeng minggah maleh dugi Mustawa, lajeng minggah dumugi Arsy. Ing ‘Arsy puniko kanjeng Nabi Muhamad bermunajat lan mukasyafah dateng Allah



الحَمْدُ لِلَّهِ اَّلذِى أَحْسَنَ تَدْبِيْرَ اْلكَائِنَاتِ. وَخَلَقَ اْلأَرَضِيْنَ وَالسَّمَوَاتِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهْ أَنْزَلَ اْلمَاءَ مِنَ اْلمُعْصِرَاتِ. وَأَنْشَأَ اْلحُبَّ وَالنَّبَاتِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ذِيْ اْلمُعْجِزَاتِ الظَّاهِرَاتِ. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَّلذِيْ حَصَلَ مِنْ نُوْرِهِ وُجُوْدُاْلكَائِنَاتِ. قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ اْلكَرِيْم . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم. سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آَيَاتِنَا إِنَّه هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ. ( أما بعد ) فَيَاأَيُّهَااْلإِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى الله اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Monggo kito tansah ngrekso raos ajrih kito dumateng Allah , kanthi sak estu-estu anggen kito nindaaken perintahipun Allah , tuwin nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun. Ajrih menawi amal ibadah kito mboten ditampi langkung-langkung diridloni dening Allah , ajrih menawi sedoyo doso-doso kito mboten dipun ngapunten dening dening Allah SWT, ugi ajrih menawi secara tiba-tiba, dumadak kito ditimbali dening Allah SWT sedang kito dereng siap, Jalaran pati meniko mboten saget dipeste’aken lan namung kanti ajrih utawi taqwa menikolah engkang saget nuwuhaken gesang engkang ayem tentrem wiwit namung ing ndunyo meniko, langkung-langkung mbenjeng menawi kito sampun sowan wonten ngersonipun Allah . Mugi kito tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa engkang banget wigatosipun meniko, Amin Yaa Robbal ‘Alamiin.

Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Wonten kitab al-barzanji engkang asering kito wahos dipun ngendikaaken bilih gangsal tahun sak derengipun kanjeng Rasul hijriyyah sekitar tanggal 27 Rojab Rasulullah dipun isro’-aken dening Allah kanthi ruh lan jasadipun kanthi keadaan sadar, milai masjidil haram (makah) dumugi masjidil al-Aqsha Palestina. Lajeng Rasulullah dipun mi’rojaken dening Allah ngantos dumugi Sidrotil Muntaha, lajeng minggah maleh dugi Mustawa, lajeng minggah dumugi Arsy. Ing ‘Arsy puniko kanjeng Nabi Muhamad bermunajat lan mukasyafah dateng Allah

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rohimakumulloh.

Wonten ing keterangan sak lajengipun bilih Nabi Muhammad nampi setunggalipun perintah inggih meniko sholat gangsal wekdal engkang fadhilahipun sami kalean sholatipun umat lentunipun engkang nglampahaken sholat 50 (seket) wekdal ing saben dintenipun. Manikolah keutamaan engkang dipun paringaken Allah dateng kito minongko umatipun Nabi Muhamad . Lajeng sak sampunipun meniko dipun ngendikaaken :

Bilih setuhune Rasulullah mersani poro malaikat engkang sami ngibadah kanthi macem-macem bentuk-ipun kanthi benten antawis setunggal kelompok dateng kelompok sanesipun. Wonten engkang sami jumeneng sak lawase, wonten engkang ruku’ sak lawase, wonten engkang sujud sak lawase, wonten engkang maos tasbih sak lawase, lan wonten engkang maos takbir sak lawase. Ugi macem-macem tingkahipun, kanthi macem – macem dzikir engkang dipun wahos. Sak sampunipun meniko lajeng Rasulullah bronto dateng tingkah kalawahu lan nyuwun dateng Allah supados kerso maringaken amalan meniko kagem kiyamba’ipun ugi kagem umatipun.

Lajeng Allah mucal Nabi Muhammad bentuk lan coronipun nglampahaken sholat meniko lan maringaken amalan meniko dateng Nabi Muhammad ugi kito sedoyo kanthi dipun tambahi amalan waosan Al-Qur’an engkang khusus dipun paringaken dateng kita ing sak lebetipun Sholat supados ngetingalaken keutamaanipun tiyang engkang shalat ngluwihi keutamaanipun poro malaikat kalawahu. Kanthi meniko monggo kito jagi amalan engkang sampun dipun paringaken dening Allah dateng kito sedoyo meniko, ampun dipun lerwa’aken Jajanipun Rasulullah naliko nglampahaken perjalanan Isra’ mi’roj. Sebab dipun ngendika’aken sakeng Kanjeng Nabi Muhamad bilih menawi wonten setunggalipun kawulo engkang sholat kalih roka’at kanthi madep dateng Allah kelawan atine, mongko wong iku bakal metu soko dosane koyo dene lahire bayi sakeng guwo garba ibune.

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Mangertoso bilih sholat meniko kados dene walimah (Pesta) engkang dipun damel dening rojo nun inggih Allah . Engkang dipun sediya’aken dening Allah dateng kito engkang sampun dipun cawisaken macem-macemipun tingkah, lan dzikir engkang benten-benten supados kito saget ngeraosaken lezatipun sholat meniko. Tingkah-tingkah sholat kadosto ruku’, sujud lan sak piturute meniko kados dene dedaharan kito lan dzikir-dzikir sholat kados dene takbir, tahmid, tasbih lan sak piturute meniko minongko unju’an-unju’an engkang cumawis engkang sedoyo saget mbeto manfaat menawi kito purun sak estu ngraosaken panganan lan unju’an kalawahu. 

Mugi-mugi kito saget nggina’aken kesempatan wulan rojab meniko kanthi tansah mbagusi dateng sholat kito lan akhiripun mugi sholat kito ditampi dening Allah dingapunten sedoyo kekirang saenipun sholat meniko ugi diridloni sedoyo amal –amal kito sanesipun. Amin yaa Robbal ‘alamiin.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم. سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آَيَاتِنَا إِنَّه هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ. 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِذِكْرِهِ الْحَكِيْمِ إنَّ اللهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Monetize your website traffic with yX Media

0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BULAN ROJAB PERINTAH SHOLAT"

Posting Komentar