Monetize your website traffic with yX Media
Monetize your website traffic with yX Media

KHUTBAH JUM’AT BAHSA JAWA BULAN ROJAB

yX Media - Monetize your website traffic with us
KHUTBAH JUM’AT BAHSA JAWA BULAN ROJAB

Allah Berfirman dalam surat An-najm ayat 13-18 yang artinya "Dan Sesungguhnya Muhammad Telah melihat Jibril itu (dalam rupanya yang asli) pada waktu yang lain, (yaitu) di Sidratil Muntaha. Di dekatnya ada syurga tempat tinggal, (Muhammad melihat Jibril) ketika Sidratil Muntaha diliputi oleh sesuatu yang meliputinya. Penglihatannya (Muhammad) tidak berpaling dari yang dilihatnya itu dan tidak (pula) melampauinya. Sesungguhnya dia Telah melihat sebagian tanda-tanda (kekuasaan) Tuhannya yang paling besar.


Dari segi penerimaan, Shalat sudah sangat istimewa. Allah   memerintahkan umat Islam untuk berpuasa, berhaji dan berzakat cukup hanya dengan mengambil sepenggal ayat dari Al-Qur'an, namun perintah Sholat, Allah memanggil langsung Kanjeng Nabi untuk mendirikannya beserta umatnya. benar Sabda Rasulullah  “bahwa kedudukan shalat dalam agama ibarat kepala dalam jasad manusia". kita  bisa bekerja walau tanpa kedua tangan, kita masih bisa hidup walau tidak punya kaki, namun kita idak bisa hidup tanpa kepala. demikianlah posisi shalat dalam agama Islam.  Dan Shalat merupakan ibadah yang pertama kali ditanyakan kelak di akhirat, jika shalat seseorang itu baik dan terawat maka ibadah lainnya pun ikut menjadi baik. namun jika shalatnya tidak terawat maka secara otomatis ibadah lainnya pun kocar kacir alias tak ada faedahnya.



-                   السلام عليكم ورحمة الله وبركاته -

اَلْحَمْدُ للهِ الَّــذِىْ يَــهْدِى مَنْ يَـــشَآءُ اِلـــَى صِرَاطٍ مُسْتَــقِــيْمٍ. نَـــــــــحْمَدُهُ سُبْحَانَــهُ وَهُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِــيْمُ, اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰــهَ اِلَّا اللهُ اْلَـمَلِـكُ الْحَــقُّ الْـمُـبِــيْــــنِ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلصَّادِقُ الْوَعْدِ اْلاَمِيْنِ,  اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَيُّهـَا اْلـمُسْلِمُوْنَ الْكِرَامِاتَّقُوْا اللهَ, اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلصَّٰبِرِينَ (البقرة : ١٥٣ )

Ma’asyitol muslimin rohimakumullah
Sumanggo kito tansah ngunjukaken raos syukur wonten Ngarsanipun Allah   ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kito sedoyo. Sholawat soho salam mugi konjuk wonten ngarsa dalem junjungan kito nabi agung Muhammad  saha keluarga shahabat ila yaumiddin. Salajengipun sumangga kito tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah  kanthi nindakaken amal kesahenan lan nilar kaawonan, sahinggo kito saged gayuh keslamet wiwit dunya ngantos akherat. amin ya rabbal ‘alamin.
Kulo lan panjenengan sami sampun mangertosi bilih ing kalender Islam wonten wulan ingkang bersejarah. Kados wulan Ramadhan. Wonten ing saklebete  wulan Ramadhan meniko wonten kedadosan bersejarah inggih puniko temurunipun Al-Qur’an utawi  Nuzulul Qur’an. Wonten ing wulan Rabiul Awal wonten kedadosan dinten lahiripun Nabi Muhammad . Lan wonten ing wulan Rojab meniko wonten kedadosan Isra’ Mi’raj.
Isra’ Mi’raj meniko kedadosan ingkang linangkung (luar biasa) amargi Nabi Muhammad nglampahi  dipun awiti saking Masjidil Harom Mekah tumuju Masjidil Aqsho Palestina lajeng minggah ngantos datheng Sidrotul Muntaha lajeng kundur malih nuju Mekah namung nedha wanci mboten langkung saking sapratigan dalu. Milanipun, ingdalem Surat Al-Isra’ ayat 1 Allah nyeriyosaken bilih isro’ Mi’roj dipun awiti kaliyan kalimah tasbih. Subhanalladzi. Maha Suci Dzat. Maha Suci Allah saking samukawis kekirangan. Allah ngagem kesucian-ipun supados nyukakaken jaminan menawi kedadosan Isra’ Mi’raj meniko kedadosan engkang leres.
Saleresipun wonten ing Al-Quran kathah nyriosi babagan kedadosan ingkang linangkung. nanging mboten enten ingkang dipun awiti kaliyan kalimah tasbih. Allah nyeriosaken kedadosan babagan Firaun dipun keremaken lebet laut merah. mboten dipun awiti kaliyan kalimah tasbih. Allah nyeriosaken nalika Nabi Ibrahim diobong, mboten dipunawiti kaliyan kalimah tasbih. namung kedadosan Isro’ Mi’roj niki Allah ngawiti kaliyan tasbih.
Isra’ Mi’raj puniko kedadosan ingkang mesti kedadosan. amargi lebet ayat wau ngginemaken ‘asra’ ingkang ngradinaken (memperjalankan). Dados, Allah  ingkang ngradinaken (memperjalankan), Nabi ingkang dipun radinaken (diperjalankan). menawi Allah ingkang ngersak’aken saget mawon kedadosan. Menawi Isra’ Mi’raj meniko kerso Nabi piyambak, mboten mungkin setunggal dalu Nabi saget dumugi saking Mekah nuju Palestina.
Lajeng punapa Isra’ mi’raj niki dipun tumindakake ing dalu? mboten siyang ingkang padang? Imam as-Suyuthi ngginemaken babagan hikmah Isra’ dipun tumindakake ing dalu, amargi wekdal dalu wanci ingkang tenang miyambak uga wanci ingkang khusus. Punika wanci sholat ingkang dipun wajibaken dateng Nabi
Isra’  mi’raj, nyriyosi dhateng Nabi Muhammad sebagian saking tanda-tanda keagengane Allah ingkang salajengipun katur dhateng umatipun supados dados piwulang. Umpami, Nabi ningali enten tiyang ingkang nugel ilatipun piyambak. Nalika ilat kasebat telas, tuwuh malih lajeng dipotong malih mekaten saterusipun. Nabi tangklet dhateng Jibril ingkang ngancani piyambakipun, “Sopo wong iku Jibril?” Jibril mangsul “punika yaiku tiyang ingkang remen ngapusi, wicanten awon, soho tukang fitnah” Ugo taksih wonten pinten-pinten kedadosan ingkang saget kita sedaya pendhet piwulag saking kedadosan Isra’ Mi’raj puniko.
Tujuan ingkang paling ageng saking isra mi’raj meniko dipun syariataken sholat. Kanti nindak’aken sholat wajib kesebat saged njejegaken setunggal kewajiban ubudiyah ingkang saged nglerem hawa nafsu, nanemaken akhlak-akhlak mulia salebeting manah, nyucikaken jiwa saking sifat pangajrih, uthil, uga putus asa. Kanthi sholat kita sedaya saget nyuwun pitulungan dhateng Allah saking sedanten permasalahan ingkang kita sedaya adhepi.
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلصَّٰبِرِينَ ١٥٣
Artinya: Hai wong-wong sing mangandel, dadekna sabar lan sholat dadi panulungmu, sayekti Allah bareng karo wong-wong sing sabar.” (QS. Al-Baqarah: 153)

Ma’asyirol muslimin rahimakumullah
Saking segi panampen, sholat punika sampun istimewa. Allah merintahaken umat Islam supados siyam, merintahaken umat ingkang mampu nglampahi ibadah haji, merintahaken zakat cekap mandhap ayat, nanging Allah merintahaken umat Islam sholat mboten cekap namung mandhap ayat, Nabi-nipun lajeng dipun timbali. Leres menawi kanjeng nabi ngendiko
إِنَّ الصَّلَاةِ فِى الدِّيْنِ كَمَثَلِ رَأْسِ فِى الْجَسَدِ
“Kelenggahan sholat salebete agami, sami kaliyan kelenggahan sirah salebete jasad menungso.”

Ma’asyirol Muslimin rohimakumullah
Seyyed Hossein Nasr ngginemaken menawi pandalon (pengalaman) ruhani ingkang dipun alami Rasulullah kala Mi’raj nyaosi pirso bilih hakikat spiritual saking sholat ingkang dipun tindakaken umat Islam saben dinten kalebet menawi sholat meniko miraj-ipun tiyang-tiyang mukmin. Dadosipun menawi kita sedaya sanget nyimpulaken isra’ mi’raj-ipun Rasulullah meniko :

Setunggal, èntenipun pangrekaosan (penderitaan) lebet perjuangan ingkang disikapi kaliyan kesabaran. Kaping kalih, kesabaran ingkang dipun wales dening Allah ingkang arupi Isra’ Mi’raj. Kaping tigo, sholat dados senjata kunjuk Rasulullah uga kaum Muslimin supados bangkit kagem ngrebat kamenangan.

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah
Mugi-mugi Allah dadosaken kita sedaya klebet tiyang-tiyang ingkang istiqomah anggenipun nindakaken sholat 5 wekdal lan ugi sholat-sholat sunah. Mugi-mugi sholat dados penganthéng-anthéng manah kita sedaya uga saget ndadosaken nyelakaken kita sedaya dhateng Gusti Allah  Amin.


KHOTBAH KEDUA :

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ . إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

wassalam
Monetize your website traffic with yX Media

0 Response to "KHUTBAH JUM’AT BAHSA JAWA BULAN ROJAB"

Posting Komentar