Monetize your website traffic with yX Media
Monetize your website traffic with yX Media

MAULID NABI SEBAGAI MOMEN CINTA KEPADA ALLAH DAN RASULNYA

yX Media - Monetize your website traffic with us

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

MAULID NABI 2022

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ . فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ 

Masyirol Muslimin Rohimakumulloh.

Wonten ing kalodhangan engkang sahe puniko, Monggo kito sami-sami ningkataken raos taqwa dhumateng Allah lan Rasulipun, kanthi nindaaken sedoyo kesahenan lan nilar sedoyo kaawonan, supados kito manggihi kabegjan lan kawilujengan wiwit ndunyo ngantios akherot lan dipun golongaken dhateng umat engkang sami angsal syafaat.  



Masyirol Muslimin Rohimakumulloh.

Ing saat puniko kito sampun wonten ing tengah-tengahipun wulan Rabi’ul Awwal. Tiyang-tiyang Indonesia khususipun tiyang Jawi mastni wulan puniko kanthi sesebutan wulan Maulud, dipun wastani mekaten keranten wulan Maulud punikoing sajroning wulan kasebat wonten salah setunggaling kedadosan engkang agung, nun inggih wiyosan dalem Nagi Agung Muhammad . Setunggaling Nabi engkang paling minulyo ing dunyo ugi ing akhirot. Setunggaling Nabi engkang keberadaanipun kito dipun perintah su[pados mahos sholawat dhumateng panjenenganipun lan murih syafaatipun . Mboten naming menungso kemawon engkang kedah mahos sholawat, poro malaikat ugo dipun  perintah mahos sholawat dhumateng kanjeng Nabi Muhammad . Hal ouniko sampun termaktub ing surat Al-Ahzab ayat 56 :

اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ  يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا

Sak temene Allah lan poro malaikat-ipun podho ocoo sholawat marang Nabi Muhammad , hoo… woong-wong kang podho iman, mocooho sholawat sliramu kabeh marang nabimu klawan paring penghormatan kang temenanan.

Masyirol Muslimin Rohimakumulloh.

Wiyosan dalem nabi Agung Muhammad , ing ndunyo puniko mbeto misi penting, ing antawisipun “li utammima makarimal akhlaq”. Kagem ndandosi lan nyempurnaake akhlak. Misi puniko nandaaken bilih sanget pentingipun tumrap pagesangan menungso, sebab menungso sampun dipun cap sebagai kholifah fil ardl. Sahinggo akhlakul karimah minongko dadoso syarat mutlak engkang mboten saged dipun nyang (ditawar) sebab kanthi sempurnaning akhlak menungso saged mbeto kedamaian, kejayaan lan katentereman gesang lan saben-saben interaksi utawi hubungan sosial sesame meningsoo marang lingkungan sekitar.

Kanjeng Rasul Muhammad , paring pangandikan engkang dipun riwayataken dening Imam Bukhori, Imam Baihaqi lan Imam Hakim, nun inggih “Innama bu’istu litammima makarimal akhlak” engkang artosipun : Saktemene ingsun diutus iku kanggo nyempurnaake akhlak engkang minulyo.  

Masyirol Muslimin Rohimakumulloh.

Akhlakul karimah dados bagian utami kagem mbangun kepribadian tiang Muslim, sahinggo poroo Ulama’ sami nyebutaken bilih “Al-Adabu fawqol ilmi” kamulyaane toto kromo iku ngungkuli kamulyaane ngelmu. Wonten ing dunia Pendidikan pun siswa/siswi utawi santri-santri kedah nampi piwulangan aspewk afektif utawi Pendidikan sikap lan karakter ketimbang sikap kognitif utawi kepintaran otak.

Nah, ing mriki, kedudukan guru lan tiyang sepuh gadah peran engkang paling utami nun inggih nanemaken Pendidikan karakter berakhlakul karimah. Lan gkung-langkung ing zaman perkembangan teknologi puniko ancaman degradasi moral langkung mbebayani tumrap lare-lare.

Saget diko tingali ing lingkungan sekitar bilih akhlak pemuda sampun teredukasi Kaliyan gaya hidup ala modern, tindak criminal, asusila, kirangipun kepedulian lan kepekaan sosial. Saat puniko kito tingali lare-lare sami asyik main ponsel tinimbang main ing ndunyo kasunyatan. Sahinggo paring dampak sifak males lan gampil nyerah maring tantangan engkang kedah dipun adhepi.

Masyirol Muslimin Rohimakumulloh.

Fenomena puniko patut kito renungi lewat moment maulid Nabi dados sarono kagem nyelak dhateng kanjeng Nabi klawan niyat nguwataken penjagaan diri sebab kanthi akhlakul karimah-lah barometer utawi ukuran dhateng menungso, meniko kagolong tiyang sahe punopo awon sebab kanjeng rasul sampun dawuh bilih “Khoirukum anfa’ukum linnas.”

Salajengipun, lumantaran moment mauldi Nabi puniko saged kito ginaaken kagem ningkataken kualitas lan kuantitas mahosan sholawat lan mahabbah kito dhateng kanjeng Nabi , insya Allah lumantaran mahosan-wahosan shlolawat gesang kito dados nikmat sebab syafaat saking kanjeng Nabi , minongko wujud ngumawulo dhateg Allah kanthi nindaaken perintahipun kados ing ayat nginggil wahu.

Mugi-mugi kito saget nerasaken lan maujudaken misinipun kanjeng Nabi Muhammad melalui generasi muho lan ndadosaken akhlak mulia sebagai sendi-sendi peradaban menungso. Mugi-mugi kitoo tansah saged neladani akhlak Nabi lan kito dipun dadosaken umatipun lan angsal syafaatipun. Amin ya robbal ‘alamin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

Khutbah II

  الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ  أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 

Monetize your website traffic with yX Media

0 Response to "MAULID NABI SEBAGAI MOMEN CINTA KEPADA ALLAH DAN RASULNYA"

Posting Komentar